LELEWANING
BASA PANYANDRA SALEBETING UPACARA PANGGIH GAGRAG SURAKARTA
Penulis 1 : DIKA RUDIANTO
(09205244026)
Penulis 2 : Prof. Dr. Endang Nurhayati, M.Hum.
Penulis 3 : Afendy Widayat, M.Phil.
Abstrak
Panaliten menika gadhah ancas kangge
ngandharaken jinis lelewaning basa saha tegesipun tembung-tembung basa arkhais
salebeting panyandra upacara panggih gagrag Surakarta. Panaliten menika kalebet
panaliten deskriptif verifikasi. Data ingkang awujud lelewaning basa dipungarap
kanthi cara analisis deskriptif, dene data tembung-tembung basa arkhais
dipuntegesi mawi cara analisis semantik leksikal. Asilipun panaliten menika
nedahaken bilih: (1) basa panyandra upacara panggih gagrag Surakarta ngemot
sekawan likur jinis lelewaning basa, ingkang dipunpantha dados sekawan kelompok
ageng, inggih menika (a) lelewaning basa perbandingan: personifikasi, metafora,
antitesis, pleonasme utawi tautologi, perifrasis, prolepsis utawi antisipasi,
saha simile; (b) lelewaning basa pertentangan: hiperbola, litotes, klimaks,
antiklimaks, saha anastrof utawi inverse; (c) lelewaning basa pertautan:
metonimia, sinekdoke, alusi, epitet, erotesis utawi pitakenan retoris,
paralelisme, ellipsis, saha asindeton; saha (d) lelewaning basa perulangan:
aliterasi, asonansi, repetisi, saha anafora, (2) basa arkhais salebeting
panyandra upacara panggih gagrag Surakarta ngemot basa Sansekerta, Kawi, miwah tembung-tembung
Jawi enggal mawi wuwuhan Kawi kadosta ater-ater /ha-/, /ka-/, seselan /-um-/,
/-in-/ sarta panambang /-ira/. Pambiwara pratitis sanget anggenipun ngecakaken
tetembungan saha tata basanipun, saengga ndayani tuturan panyandra katingal
langkung endah, saged narik kawigatosan, miwah tebih saking raos bosen
tumraping tiyang ingkang mirengaken.
Kata Kunci
lelewaning basa, panyandra, upacara panggih gagrag Surakarta.