Wus dumugi wahyaning mangsakala dhumawahing kodrat, sri atmaja
temanten hanetebi tata upacara adat widi widana ingkang sampun sinengker
wonten talatah ………… nun inggih upacara panggih, adat mengku werdi tata
cara, widi werdinipun Gusti, winengku werdi luhur wondene dana mengku
werdi paweweh dados adat widi widana hamengku werdi tata cara paringipun
Gusti ingkang linangkung, punapa ta werdinipun panggih inggih punika
pangudi gambuhing panggalih, mila mboten mokal wonten titahing Gusti
ingkang asipat jalu lawan wanita ingkang sumedya hanetepi jejering
agesang, hangancik ing alam madya, mastuti ila – ila ujaring kina
ingkang cinandhi hing akasa jinempana ing maruta, sarta mulat edi
endahing budaya tulus.Budaya ateges laku pangolahing budi, wondene
titikanipun tiyang ingkang budaya punika :
1. Landhep Panggraitane,
2. Tanggap Ing Sasmita, lan
3. susila hanuraga.
Punika ingkang saget hambabar pakarti budi luhur, ingkang nyata mengku
werdi tansah hangesthi Hayu – Hayom – Hayem – Hangayomi gesanging
bebrayan agung. Saya caket tindakira temanten kekalih, gya samya apagut
tingal, tempuking catur netra handayani pangaribawa ingkang hambabar
manunggaling nala ingkang tumanem ing sanubari, nulya kumlawe astane
temanten putri sarwi hambalang gantal mring temanten kakung ingkang
winastan gondhang kasih, temanten kakung gumanti hambalang gondhang
tutur, punapa ta wujud miwah werdinipun gantal, gantal dumadi saking
suruh ingkang lininting tinangsulan lawe wenang, pinilih suruh ingkang
tinemu rose, ingkang mengku werdi : Suruh lamun dinulu beda lumah lawan
kurebe yen ginigit tunggal rasane, mengku pralampita dhumateng putra
temanten mugi tansah manunggal cipta, rasa miwah karsane suruh asung
pitedah sumurupa nganti weruh, bisoa nganti tekan raosing rasa inggih
rasa sejati.Sanadyan ingkang sajuga jejer priya kang sawiji putri, lamun
bisa manunggalake tekat lan rasane, pinesthi dadi jatu
kramane. Werdinipun priya saking tembung pari ingkang linangkung, hoya
ateges kuwat utawi santosa, wondene tembung putri mengku werdi haywa
supe ing pametrinira marang badanira priyangga.Tinangsulan lawe wenang
werdinipun tinangsulan lan akrami kaiket ing prasedya luhur, mugi
anggenya mangun bebrayan mboten nalisir saking hangger paugeraning
kautaman.Paripurna titilaksitaning upacara panggih, putra temanten
sekalihan gya siningeban sindur dening ingkang rama, asung pralampita
putra temanten tansah tinuntun ing reh kautaman anggenipun ngancik ing
alam madya tansah pinaringan karaharjan miwah kabagaswarasan, hanjayeng
bawana salaminya.Para rawuh saha
para lenggah, wus handungkap prapteng unggyan ingkang tinuju, sung
sasmita panganthining temanten, gya kalenggahaken ing sasana wisudha
tama hangrantu laksitaning tata upacara ingkang sampun tinata, nuwun.
Bersumber : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara
Tidak ada komentar:
Posting Komentar